
Kula : “Sugeng ndalu pak Pardi?”
Pak Pardi : “Sugeng ndalu mas Dicky. Dengaren mrene, ana kaperluan
napa?”
Kula : “Kula badhe mewawancarai bapak . Angsal
mboten pak?”
Pak Pardi : “Oh, ya mboten napa-napa.”
Kula : “Kula nyuwun pangapunten
amargi sampun ndalu kula malahan nganggu. Panjenengan kagungan usaha ternak
menapa lan kados pundi mulabukanipun ngingah ternak
menika?”
Pak Pardi : “Wekdal menika kula usaha ternak ayam potong (
broiler ) saking tahun 1995 kalih atus ekor, sakmenika
tigang doso gangsal ewu ekor.
Mulabukanipun, kula niti priksa bilih kabetahan daging ayam warga masyarakat
saben tahunipun saya mindhak, awit saking menika kula nggadahi krentek nyobi
ternak ayam broiler saking sekedik, lan Alhamdulillah ngantos wekdal menika
saget ngrembaka lan lumampah kanthi lancar. “
Kula
:
“Kangge ngawekani lan nyegah penyakitipun, kados pundi bab tedanipun lan
obat-obatan nipun?”
Pak Pardi :
“Pangopenipun dipun paringaken kandang piyambak, kandang menika kedah dipun
resiki pendak dintenipun lan dipun semprot ngagem desinfektan supados kandang
wau steril.
Masalah pakan, kedah dipun titi priksa lan dipun paring nutrisi ingkang sae.
Babagan oabt-obatan kedah rutin, obat saha tedanipun mundut saking poutry saha
saking pabrik.”
Kula
:
“Ngingah ternak menapa kemawon ingkang saget dipun pendet hasilipun?”
Pak Pardi
: “Ingkang saget dipun pendet hasilipun : dagingipun kagem
peningkatan gizi keluarga, limbahipun (kotoran ayam) inggih saget kagem pupuk
organik.”
Kula
:
“Pemsaranipun dateng pundi ? Lan hasil ternak menika sisa hasilipun kados pundi
?”
Pak Pardi :
“Pemasaranipun kajaba dateng pasar), ayam kala wau dipun puruki pembeli saking
Surabaya, Solo, ugi daerah-daerah sekitar Kediri .
Hasilipun Alhamdulillah saget nyekapi kebutuhan kaluarga.”
Kula
:
“Menapa wonten kendala ? Kados pundi ingkang ngawekani ?”
Pak Pardi :
“Biasanipun bilih mangsa ketiga kenging penyakit ngorok utawi pilek, kagem
ngawekani dipun paring obat. “
Kula
:
“Menapa mupangatipun dateng kaluarga lan taggi tepalih?”
Pak Pardi :
“Dateng kaluarga antawisipun saget ningkataken perekonomian keluarga.
Dateng tetanggi para tetanggi saget sinau kados pundi caranipun ngingah utawi
usaha ayam broiler, sak menika para tetanggi katah ingkang ngingah ayam
broiler.”
Kula
:
“Rancangan menapa ingkang badhe dipun tindakaken supados ternak panjenengan
saya majeng malih ?”
Pak Pardi :
“Nambah ternak ingkang sampun wonten, dipun tambah ngingah ayam petelur. Menapa
malih menika sae lan permintaan samsoyo katah.”
Kula
: “Matur
suwun sanget nggih pak amargi angsal mewawancarai bapak.”
Pak Pardi : “O
ya, menawa kagungan pernu mrene maneh ya Mas!”
Kula
: “Inggih pak.Sugeng ndalu.”
![]() |
|||
![]() |
![]() |
No comments:
Post a Comment